RSS
Sampingan
19 Jun

Nuwun, Kula nuwun !
Assalaamu’alaikum Wr. Wb.

Sedaya puji kunjuk dhumateng Gusti ingkang amiyara sawegung ingkang sampun paring kanugrahan arupi kabagaswarasan saha kawilujengan, katitik panjenengan sedaya saha kula saged makempal manunggal wonten ing adicara menika.
Kabegjan saha kawilujengan katur dhumateng utusanipun Gusti Allah ingkang minulya Sayyidina Muhammad SAW.saha tumrap kulawarga serta sahabat-sahabatipun sedaya.

Panjenenganipun para sepuh, pinisepuh, saha ajisepuh mliginipun dhumateng Bapa, Ibu Dewan Juri ingkang satuhu lebda ing panembah, saha pana ing pitutur ingkang dhahat kinabekten.
Para panyangkul gathi ingkang sampun ngrinumpaka adicara menika ingkang pantes sinuba ing panghurmatan.
Para kadang sutresna budhaya sumrambah para pamiyarsa ingkang minulya.

Wonten ing gesang bebrayan wekdal menika, nuwun inggih wonten ing era globalisasi ugi ingkang kasebat era pasar bebas, menawi ngengeti babagan kalenggahanipun budaya jawi mliginipun basa jawi wonten pemanggih ingkang mratelaken, bilih budaya jawi badhe cures. Awit sedaya kala wau magepokan kaliyan pangaribawaning jaman ingkang sarwi cikat trengginas ing sak lajengipun inggih saged handadosaken seseripun sikep gesangipun manungsa.

Para pamiyarsa taruna mudha mudi ingkang pantes sinuba ing akrami,
Kita sedaya saged mirsani bilih kemajenganipun jaman nuwuhaken kesadharan, bilih manungsa perlu mersudi ngudi indhaking kawruh tuwin ketrampilan ingkang murakabi tumrap gesangipun. Kathah sanget sarana komunikasi ingkang kaagem saha kaginaaken, kanthi langsung saha mawi sarana, kadostha; HP, telephone, internet lsp. Basa ingkang kaginaaken ugi mawarni-warni cacahipun, kadostha; Basa Indonesia, Basa Inggris, Basa Jepang lsp. Malah wekdal menika ingkang nembe moncer wonten ing para-para mudha, basa ingkang kaginaaken inggih menika basa GAUL (Gagak Mangan Tiwul). Ingkang dadosaken para-para mudha rumaos isin ginaaken basa jawi wonten ing gesang sadinten-dintenipun.

Para Dewan Juri, para rawuh sedaya ingkang sinudarsono,
Budaya jawi menika minangka warisaning leluhur ingkang adiluhung, ingkang sejatosipun kebak piwucal ingkang nengenken kasusilan, kanthi sikep andhap asor tuwin budi pekerti luhur saha tata krami dumateng priyantun sanes, ingkang sewau tansah kasungga-sungga minangka obor sesuluh tumraping gesang turun temurun. Sedaya kala wau saestu badhe gapuk saha luntur kasaput pangaribawane budaya manca ingkang cengkak kaliyan jatidhiri lan kapribadining bangsa.
Para-para ugi kawusanan blerengen dhateng gebyaring kadonyan, kasunyatanipun sadinten-dintenipun ingkang dipun udi namung indhaking donya brana lan samukawis ingkang asipat materi, satemah lirwa dhateng jejering sudarmo, ical kawigatosanipun saha panggulawentahipun dhateng kulawarga; wusana, para putra sami cubluk ing tata krama, kasusilan saha unggah ungguh, awit sepen ing tepa palupi.
Menawi sampun kados meketen swasananipun, sinten ingkang badhe tanggel jawab nglesatantunaken warisan budaya jawa ingkang adiluhung menika?

Para pamiyarsa sutresa budhaya ingkang pantes sinuba ing akrama,
Kalenggahan budaya jawi menika kedah dipun lestantunaken, tanggel jawab menika wonten ing ngarsa para sutresna budaya saha para taruna mudha genarasi bangsa. Ngengeti kahanan ingkang kados mekaten kita kedah rumaos prihatos. Adat widi minangka warisan leluhur saestu ketingal luntur saha mingsed, saged kapundhut tuladha para mudha wonten ing kanan ireng kitha, tata cara ageman busana, anggenipun ngendika, tata krama, saha andhap asoripun saestu mboten saged dados tuladha menawi tiyang jawi malah ketingal kados tiang manca. Busana compang camping sampun kaagem, langkung saking menika kanthi rumaos bombong saha mongkok wonten ing ngajeng para-para, leres nopo mboten para pamiyarso?.
Mila saking menika, ngengeti kahanan ingkang sampun ewal mekaten monggo para taruna mudha saha sutresna budaya kita sesarengan uri kabudayan jawi warisan para leluhur ingkang adiluhung menika, minangka dados bukti bilih bebrayan jawi punika tansah nengenaken kautamaning gesang lahir tuwin batos.
Maknaning tetembungan:
Hamemayu hayuning sasama;
Sura dira jayaningrat lebur dening pangestune;
Wani ngalah luhur wekasane;
Aja rumongsa bisa ning sing bisa rumangsa;
Aja dumeh; lsp.
Punika minangka gegambaran panjurung krenah nggayut kajatening sedyatama lan ngobati lampahing pikiripun tiyang jawi, tumuju gesang ingkang tentrem kerta raharja.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu luhuring budi,
Monggo kita ladosaken kabudayan jawi ingkang luhur menika kita jumbuhaken kaliyan program pemerintah ingkang winastan ”Tri Karsa Budaya” nuninggih kanthi ngladosaken nduduk; ndudah; saha mekar ngrembakaaken kabudayan jawi warisan generasining bangsa Indonesia.
Supdos tujuanipun saged kaleksanan monggo kita tansah :
    Mbudidaya njunjung drajating bangsa kanthi nuwuhaken greget supados kita para generasi mudha bangsa Indonesia sami mersudi ngelmi ingkang murakabi tumrap pribadi lan kemajengan bangsa, pawingkingipun dados generasi ingkang tanggap; trampil; trengginas saha majeng ing babagan kawruh lan tehnologi, kang sarta luhur bebudinipun, tansah setya tuhu mring nusa bangsa lan kabudayan nasional, mliginipun kabudayan ing tlatah jawi.
    Sabiyantu dhateng bebrayan tuwin pamarintah ing reh mekar ngrembakanipun kabudayan nasional Indonesia amrih murakabi tumrap kemajenganing bangsa lan nagari kanthi nyenyaring, saha mancas pangaribawaning kabudayan ingkang singlar kaliyan kapribaden bangsa lan boten jumbuh kaliyan kemajenganing jaman.

Kadang sutresa budhaya ingkang pantes sinuba ing akrama,
Mugi sedaya ndadosna ing kawigatosan bilih surutipun kabudayan jawi mliginipun basa jawi madyaning bebrayan jawi punika pangaribawanipun temtu badhe mrembet dhateng gisiking wewatekanipun brayan jawi piyambak. Jalaran menggah ing bebrayan jawi antawisipun basa kaliyan kasusilan punapadene wewatekanipun tiayang jawi punika raket sanget gandheng cenengipun.
Panjenengan dalasan kula sampun mangertosi bilih basa jawi gadhah tataran unggah ungguh ingantawisipun ingkang dipun ajak wawan pangandikan saha wonten wewangon ”Ajining dhiri saka lathi” bab punika bukti bilih basa jawi raket sanget kaliyan kasusilan saha watekanipun tiyang jawi.

Para pamiyarsa kakung sumawana putri ingkang pantes hanampi berkah saking Gusti,
Mekaten menggah andharan ingkang kaaturaken, mugi saged nambah tebaning kawruh tumrap panjenengan dalasan kula, mugi Allah SWT tansah paring kanugrahan bagas waras, kawilujengan saha mergi ingkang sahe cinelakna ing suka rahayu lan tinebihna ing goda rencana tumrap sedaya sutresana budaya kanthi pangajab ngayahi jejibahan nglestantunaken kabudayan wonten ing tlatah jawi menika. Amiiin.
Ing saklajengipun hambok bilih wonten cicir cewet saha kuciwaning atur awit saking kuthunging pamanggih saha cupeting pangandikan, kula tansah mawantu-wantu nyuwun gunging pangasksama ingkang tanpa pepindhan.
Purnaning atur ”Jaya jaya wijiyanti, bagya mulya kang pinanggya, rahayu kang tinemu”

Wassalaamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun, Nuwun Maturnuwun.

Sugeng ngayahi jejibahan !.

By; Edy Yusuf

Eksistensi Budaya Jawa

Iklan
 
Tinggalkan komentar

Ditulis oleh pada Juni 19, 2013 in pidato

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout /  Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

Connecting to %s

 
%d blogger menyukai ini: